PAMBUKA

Dulur-dulur kabeh!

Website utawa blog iki minangka sarana kadidene buku kang bisa diwaca sapa wae sauger bisa munggah ana kaca maya. Katone kok ora kepenak yen apa kang wis katulis ana "buku maya" ( facebook ) mung kandheg ana kono lan wusanana kelem adoh ora bisa digoleki maneh. Ya mula saka iki, sara web utawa blog iki bisaa dadi papan arsipe tulisan-tulisan ana "buku maya" mau supaya yen sawayah-wayah nggoleki bisa cepet ketemu. 

Ing kene perlu dakaturake pisan yen ing mengkone guyonan arupa apa wae kang katulis ana "buku maya" NGGUYU KEKEL CARA WONG JAWA" lana kaanggep lucu, ngguyokake utawa bisa ndadekake wong mesem sethithik ( syukur yen gelem mesem amba ) bakal dakpasang ana kene. Ya sapa ngerti ing tembe mburi ana penerbit kang rada bingung golek naskah kanggo diterbitake dadi buku banjur weruh web utawa blog iki katut melu ngguyu kekel, wusanana kadudut dompete utawa kabukak atine pengin nerbitake dadi buku. Amarga apa? Yen buku-buku cilik isine guyonan mawa basa Indonesia wis mblader akeh diterbitake banjur didol ana toko-toko. Ning yen guyonan basa Jawa, isih durung ana kang wani nerbitake. Kamangka wong Jawa kuwi ya bisa ngguyu lho ya? Malah guyune ora ming pisan wae, nanging pindho. Ora percaya? 

Coba dirungokna:

AYO NGGUYUUUUU!!! HA...HA...HA...HA...!!!

NGGUYU MANEHHH!!! HA...HA...HA...HA...!!!

( Ning ngguyune aja seru-seru!!!)

Lha wong tembang wae wis ngajak ngguyu, kamangka tembange ya ra lucu lho! Ora marahi ngguyu. Dadi ngguyune kepeksa amarga dijak ngguyu karo penyanyine! Eh,kok ya padha manut! Apa merga dibayar kuwi ya? Hahahaha!!! Nanging yen web utawa blog iki, dijamin 99% marahi ngguyu. Yen ora, ateges macane ora ihklas! Mula ngguyune malih ora kewetu! Diempet! Akhire neng weteng marakne seneb.

Mula aja isan-isin, aja wigah-wigih, aja sungkan-sungkin, aja minggrang-minggring! Ayo nyebarake winih-winih guyonan supaya bisa ngudhuh pahala! Lho apa hubungane? Ya ana ta! Jarena ngguyu kuwi amal jariyah sing paling murah! Lha yen bisa nyebabake wong padha ngguyu rak padha wae wis nulung wong bisa ngamal!

Ing wektu tartamtu uga bakal kaanakake acara-acara mligi supaya bisa tansaya regeng ana web utawa blog iki. Mula kasuwun padha geleme padha melu yen ana acara. Sing baku "klungsu-klungsu melua udhu!"  

Web utawa blog iki nampa tulisan apa wae sauger lucu, ngguyokake, utawa saora-orane bisa marakake mesem. Tulisan bisa awujud crita cekak lucu, guritan lucu, pacelathon lucu ( anekdot), cangkriman lucu, kartun lucu, gambar lucu, foto lucu, lan sakbangsane kuwilah! Sing penting L-U-C-U! Tulisan kang kapacak ora diwenehi sembulih arupa souvenir, kaos, tivi, kulkas, lan liya-liyane, apa maneh ngarep-ngarep dhuwit! Kajaba mung atur panuwun kang tanpa upama sarta donga muga-muga tansah seger waras sakularga sakanakputu lan kaparingan rejeki kang mbayu mili! 


PARADE GUYON JAWA JANUARI 2012

Katur marang sapa wae kang seneng ngguyu, ing purwaning tahun 2012 iki mujudake wektu kang pas banget kanggo miwiti apa wae kanthi kebak guyu. Mbokmenawa wae apa kang kita wiwiti kanthi guyu, ing sakbanjure ya terus bisa nindakake pakaryan apa wae kanthi ngguyu. Sarwa seneng. Senajan susah nanging susah merga ra isa ngguyu.

Ing wulan Januari 2012 mengko diwiwti tanggal 1 nganti 31 Januari 2012, Ngguyu Kekel Cara Wong Jawa arep nganakake PARADE GUYON JAWA JANUARI ( PGJJ ) kanggo "ngguyokake masyarakat lan masyarakate ngguyu". Mula marang panjenengan kabeh kang ngersakake melu PGJJ bisa kirim crita lucu ( kaya ana-ana bae ing PS utawa Apa Tumone Jaya Baya ), anekdot ( kaya Sing LUcu ing Panjebar Semangat), singkatan-singkatan lucu, kerata basa lucu, cangkriman sing wangsulane lucu, gambar lucu, lly.

Syarat-syarat mligi:

1. Karya kudu asli ( orisinil ) pamikirane dhewe. Upama ide saka internet ya kudu diolah dhisik dislarasake karo kahanane wong Jawa

2. Katulis mawa basa Jawa kang bener lan becik

3. Langsung katulis ana GROUP NGGUYU KEKEL CARA WONG JAWA

4. Amarga sifate parade, ora ana sembulih kang kasedhiyakake ( kejaba yen ana sponsor sing gelem menehi bebana )

5. Bisa uga kakirim liwat email menyang: edysantosa72@yahoo.co.id

Mbokmenawa mengko ana sing ngersakake dadi buku, bisa kagolekake penerbit kang kacetak mung adhedhasar akehe sing pesen.

Mangkono kang bisa dakaturake, mangga sami nyebar guyu!!!!

 

Tukang Ngguyu