PARADE GUYON JAWA JANUARI
21/12/2011 06:57
Katur marang sapa wae kang seneng ngguyu, ing purwaning tahun 2012 iki mujudake wektu kang pas banget kanggo miwiti apa wae kanthi kebak guyu. Mbokmenawa wae apa kang kita wiwiti kanthi guyu, ing sakbanjure ya terus bisa nindakake pakaryan apa wae kanthi ngguyu. Sarwa seneng. Senajan susah nanging susah merga ra isa ngguyu.
Ing wulan Januari 2012 mengko diwiwti tanggal 1 nganti 31 Januari 2012, Ngguyu Kekel Cara Wong Jawa arep nganakake PARADE GUYON JAWA JANUARI ( PGJJ ) kanggo "ngguyokake masyarakat lan masyarakate ngguyu". Mula marang panjenengan kabeh kang ngersakake melu PGJJ bisa kirim crita lucu ( kaya ana-ana bae ing PS utawa Apa Tumone Jaya Baya ), anekdot ( kaya Sing LUcu ing Panjebar Semangat), singkatan-singkatan lucu, kerata basa lucu, cangkriman sing wangsulane lucu, gambar lucu, lly.
Syarat-syarat mligi:
1. Karya kudu asli ( orisinil ) pamikirane dhewe. Upama ide saka internet ya kudu diolah dhisik dislarasake karo kahanane wong Jawa
2. Katulis mawa basa Jawa kang bener lan becik
3. Langsung katulis ana GROUP NGGUYU KEKEL CARA WONG JAWA
4. Amarga sifate parade, ora ana sembulih kang kasedhiyakake ( kejaba yen ana sponsor sing gelem menehi bebana )
5. Bisa uga kakirim liwat email menyang: edysantosa72@yahoo.co.id
Mbokmenawa mengko ana sing ngersakake dadi buku, bisa kagolekake penerbit kang kacetak mung adhedhasar akehe sing pesen.
Mangkono kang bisa dakaturake, mangga sami nyebar guyu!!!!
Tukang Ngguyu
—————
