Klitik -mu vs -e/-ne
Bledheg Sayuta Nggegeteri:
Dewa : matur nuwun oleh-olehe, Mbak.
Maruti : Iya padha-padha, ning kok oleh-olehe kudune rak oleh-olehmu
Dewa : Kok ngono?
Maruti : kan -e iku panambang pandarbe kanggo wong katelu.
Dewa : O…, dadi kudune matur nuwun oleh-olehmu, Mbak? Ngono ya?
Maruti : Nah iku kang bener, nyoh iki sisan apem lan susu asli saka Boyolali mirunggan daktukokke kanggo njenengan.
Dewa : Alhamdulillah, matur nuwun apemmu lan susumu ya, Mbak.
Maruti : Nek kuwi aja nganggo -mu, ning nganggo -e/-ne wae no!
Dewa : Ra isa, iku ora konsisten, pokokke matur nuwun apemmu lan susumu!
Maruti : Dasar!
Rawamangun, 24 Natal 2011
