
PAK DWIJA & MBOK KRIYA
Mbok Kriya kuwi warandha. Daleme ing perenge gunung. Pakaryane adol tenaga marang sing mbutuhake. Esuk banget dheweke mudhun saka nggunung, terus nawakakake tenagane marang wong-wong sugih ing desa sacedhake. Opahe ya mborong kersa olehe menehi.
Anake wedhok wis ana rong taun dadi TKW ana Hongkong. Seminggu kepungkur anake wedhok kuwi kirim dhuwit lan paketan isi rice cooker, tivi, kipas angin! Dheweke bingung arep nggunakake. Mula nalika rewang-rewang ana daleme Pak Dwija ya banjur takon.
" Pak, kula dipunkintuni yoga kula ris kuker, tivi, kalih kipas angin. Caranipun ngginakaken dospundi?"
"Lha omahmu wis ana listrike durung,Mbok?"
"Napa kedah ndamel listrik,ta?"
"Lho, iya ta! Lha ben isa digunakake kuwi kudu dicopne listrik!"
"Nek ngaten mangke tak teng wartel telpon gendhuk supados enggal-enggal ngirimaken listrikipun saking Hongkong!"
Grooombyaaak!!!