SERANGAN HP
Ing jaman saiki kang aran HP dudu barang mewah maneh. Meh kabeh wong padha nyekel HP. Kanggone ya macem-macem. Lha sing aneh sedulur siji iki. Kanggo nglancarake "Serangan Fajar" karo garwane gawe istilah "ISI PULSA"
"Ma isi pulsa yok!"
"Wadhuh Pa, baterene lemot"
Sesuke maneh, kanthi rasa tresna "Ma iki wis wayahe isi pulsa"
"Sinyale Mama ora ana ya Pa"
Dina candhake maneh kanthi rasa sabar "Ma ayo isi pulsa"
"Oalah Pa iki 'hpne' Mama lagi drop. Seminggu maneh"
Wis ganep seminggu.
Kanthi rasa manja :"Pa.....Pa..a..pa Isi pulsa yuk!"
Kalem tur manteb anggone mangsuli :"Waduh Ma, iki Papa wis kadhung ganti 'operator'. Papa golek sing ON terus, tur akeh menehi BONUS."
"up......................"
( Pengirim: Drs.Suwarno - Banyuwangi )
