GAWE GUYU
Klitik -mu vs -e/-ne
Bledheg Sayuta Nggegeteri:
Dewa : matur nuwun oleh-olehe, Mbak.
Maruti : Iya padha-padha, ning kok oleh-olehe kudune rak oleh-olehmu
Dewa : Kok ngono?
Maruti : kan -e iku panambang pandarbe kanggo wong katelu.
Dewa : O…, dadi kudune matur nuwun oleh-olehmu, Mbak? Ngono ya?
Maruti : Nah iku...
—————
MANGAN SAKA NGOMAH
"Kang, yo marung!"
"Wegah! Aku mau wis mangan saka ngomah!"
"Hahhhh? Mangan saka ngomah kuwi untumu ora rompal kabeh?"
"Rompal piye?"
"Lha saka ngomah kok kokpangani kuwi?"
"???"
—————
GURU BASA JAWA
Guru lagi mulang murid-muride ngenani pathokane tembang macapat!
Guru : Cacahe gatra saben pada kuwi diarani apa Ed?
Edy : Guru gatra , Bu!
Guru : Biyuh, pinter kowe Ed! Saiki yen cacahe wanda saben gatra diarani apa Mar?
Mario : Guru Wilangan, Bu!
Guru : Weh,weh!!! Pinter-pinter...
—————
JAGONG BAYI
Parmin ketemu Parman nang prapatan.
Parmin : Lho jare mau arep jagong bayi, kok cepet men wis mulih?
Parman : Lah, percuma wae Kang!
Parmin : Percuma piye ta?
Parman : Bayine takjak jagongan lha kok mung nangis...
—————
